Minggu, 10 September 2017


~SESORAH~

1.  Pengerten Sesorah
Sesorah inggih menika ngandarake gagasan, penemu, informasi ana ing sangarepe wong akeh kanthi cara lisan.

2.  Jenis-jenis sesorah miturut gunane
a.   Sabdatama yaiku sesorah tunggal utawa sing ora kudu ana wangsulane.
    Tuladha: Khutbah Kyai
b.  Pambagyaharja yaiku sesorah kanggo mahargya utawa mapag rawuhe para tamu. Tuladha: Sesorah Ketua Panitia
c.  Tangggap Wasana yaiku sesorah sing kudu ana wangsulan utawa tanggapan. Tuladha: Sesorah masrahake manten ing kulawarga temanten putri lan sewalike.

3.  Ancase sesorah
a.   Atur pambagya yaiku sesorah kangge nampi rawuhipun para tamu, wonten ing acara menapa kemawon. Umpamipun: ing pahargyan (pesta), syukuran
b.  Atur kabar, pawarta utawi informasi yaiku informasi saged arupi palapuran utawi nyariosaken satunggaling bab dhateng pamiarsa, pramila bab ingkang kawedharaken kedah gamblang/ cetha. Umpamipun: Sesorah ing Rapat, Promosi barang.
c.  Atur panglipur/ hiburan supados mirengaken remen penggalihipun. Umpamipun: ing layatan, atur saking pembela sungkawa.
d.  Atur pangajak yaiku ancasipun supados ingkang mirengaken pidhato, kapilut manahipun saengga purun nindhaaken menapa ingkang dipunwedharaken tiyang ingkang sesorah. Umpamipun: penyuluhan kesehatan

4.  Tata cara Sesorah
Sesorah bisa katindakake kanthi:
a.   Cara Naskah
Sesorah kanthi cara iki migunakake teks utawa naskah kang diwaca kanthi langsung.
b.  Cara Apalan
Yaiku cara nyawisake naskah (teks) banjur diapalake.
c.   Cara Impromtu
Yaiku sesorah ora nyawisake luwih dhisik bahan nanging kanthi dadakan ora kanyana-nyana sadurunge.
d.     Cara Ekstemporan yaiku sesorah nanging nganggo catetan cilik kang isine balunganing karangan.

Tuladha sesorah:

SESORAH ING UPACARA PAHARGYAN TEMANTEN

A.     Pranatacara (MC) ing upacara pahargyan
              Nuwun para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu kinabektan. Para rawuh kakung miwah putri ingkang kinurmatan. Nyuwun pangapunten kula sampun pumawani ngadeg wonten ngarsa panjenengan sedaya ingkang saweg sakeca pangandikan.
              Kepareng matur, kula minangka sesulihipun bapak............... sekalian (ingkang hamengku gati) ngaturaken sugeng rawuh saha panuwun ingkang tanpa upami dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun nglonggaraken wekdal, rawuh paring donga pangestu dhumateng temanten kekalih.
              Selajengipun Keparenga kula ngaturaken reroncening adicara ing dinten menika:
1.  Pembuka
2.  Atur pambagya saking kulawarga temanten putri
3.  Atur saking kulawarga temanten kakung
4.  Atur saking kulawarga temanten putri
5.  Donga
6.  Penutup
Minangka pembukaning pahargyan wekdal punika. Sumangga kula dherekaken maos donga sesarengan, Sumangga...
.......................Dedonga wiwit........................cekap........................
Mekaten waosan donga minangka pembuka, mugi-mugi gusti paring barokahipun dhumateng kula lan panjenengan sedaya.
Para rawuh ingkang minulya, adicara selajengipun inggih menika atur pambagya saking kulawarga temanten putri. Dhumateng bapak  ............................. minangka wakil saking bapak ......................... sekalian kula sumanggaaken.
...........................atur pambagya saking kulawarga.............

B.     Atur pambagya saking kulawarga
              Nuwun, panjenenganipun para sesepuh ingkang kinabektan. Bapak-bapak, ibu-ibu rombongan saking kulawarga kadang besan ingkang kinurmatan saha para rawuh kakung miwah putri ingkang minulya.
              Mugi Gusti kang tansah paring karaharjan katentreman saha kawilujengan dhumateng kula panjenengan sedaya.
              Kepareng sumela atur nggempil kamerdikan panjenengan sekalian, kula minangka sesulihipun Bapak .......................... sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedaya.
              Muji syukur konjuk dhumateng Gusti ingkang Maha Asih dene sampun lumampah Bapak ibu,........................ anggenipun kagungan kersa ndahupaken putra-putrinipun ingkang nama Bagus ........................ kaliyan rara .............. wonten ing  ....................... kanthi wilujeng mboten kirang satunggal punapa.
              Dhumateng para rawuh sedaya, mugi kersa paring donga pangestu dhumateng temanten kekalih, saengga tansah pinayungan rahmat saha barokahipun Gusti. Temanten tansah raharja, bagya mulya, lan antut runtut dumugi kaken ninen. Mboten kesupen mugi-mugi enggal dipunparingi momongan ingkang bekti dhumateng rama-ibunipun, agami, bangsa tuwin negari. Amin
              Para rawuh ingkang minulya mboten kesupen bapak ibu ....................... sakulawarga ngaturaken agunging panuwun awit sumbangsih saha pambiyantu panjenengan sedaya. Ingkang wujud punapa kemawon saengga Bapak ............ sekalian saged ngawontenaken pahargyan ing wekdal punika. Mugi-mugi sedaya amal kasaenan panjenengan sedaya pikantuk piwales saking Gusti Ingkang Maha Agung.
              Ing wasana, Bapak ibu ................. sekalian ngaturaken pangapunten, menawi anggenipun nampi rawuhipun panjenengan sedaya, nyawisaken papan tuwin palenggahan lan caos pasugatan mboten ndadosaken reraning nggalih.
              Minangka penutupin atur, saking kula piyambak menawi kathah cicir cewet atur saha kirang trapsila anggenipun matur, kula nyuwun pangapunten. Matur nuwun.

MC: Matur nuwun dhumateng bapak........................... ingkang sampun makili kulawarga ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para lenggah sedaya. Adicara selajengipun inggih menika atur pasrah temanten kakung ingkang badhe dipunaturaken dhumateng bapak............................ kula sumanggaaken.
................atur kula saking kulawarga temanten kakung....................

C.     Atur saking kulawarga temanten kakung
Panjenenganipun para sesepuh, ingkang kula bekteni Bapak/Ibu.................. sakulawarga (ingkang hamengku gati) ingkang kula kurmati saha para rawuh ingkag minulya.
Sumangga sesarengan kita tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung saengga kita saged pepanggih kanthi wilujeng ing adicara dinten menika. Kepareng sumela atur, kula minangka wakil saking bapak.......................... sakulawarga sowan kula ing dinten menika , ingkang sepisan nyendikani dhawuhipun Bapak/Ibu ......................... ngaturaken salam taklimipun dhumateng Bapak ....................... sekalian  saha kulawarga.
Ingkang kaping kalih Bapak........................... sekaliyan (kulawarga temanten kakung ) ngaturaken agunging panuwun , dene Bapak ........................... sekaliyan (kulawarga temanten putri) sampun kepareng ndhaupaken  temanten kekalih nun inggih Bagus ....................... kaliyan rara .......................kanthi wilujeng mboten kirang satunggal punapa.
Selajengipun sowan kula mriki, badhe masrahaken temanten kakung wonten ngarsa panjenengan sedaya . selajengipun sumangga anggenipun anggulawentah saha paring piwucal supados samangke temanten kekalih dados kulawarga ingkang pikanthuk barokah saking Gusti Alloh, lan saged nindaaken kuwajiban minangka kulawarga lan peranganing masyarakat. Amin
Namung menika ingkang saged kula aturaken, mugi-mugi kanthi dhaupipun putra kekalih saged nambahi raketing kekadang antawisipun kulawarga kekalih.
Saking kula menawi kathah atur saha tindak-tanduk ingkang mboten mranani penggalih kula nyuwun pangapunten. Nuwun 

MC : Para rawuh ingkang minulya, mekaten atur saking kulawarga temanten kakung. Adicara selajengipun inggih menika atur saking kulawarga temanten putri. Dhumateng bapak........................... sumangga.
..................................atur saking kulawarga temanten putri..........................



D.     Atur saking kulawarga temanten putri
Nuwun, bapak ............................ sekalian ingkang kinurmatan saha para rawuh ingkang sutresna.
Saderengipun mangga kita aturaken puji-puji syukur wonten ngarsaning Gusti ingkang sampun paring rahmat barokahipun dhumateng kula panjenengan sedaya. Katitik ing wekdal menika kita saged makempal wonten pahargyan menika kanthi wilujeng mboten kirang satunggal punapa.
Nyuwun pangapunten, kula sampun kumawantun matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, awit saking keparengipun bapak ............................. badhe nanggapi pangandikan bapak ............................... minangka wakilipun bapak ...................sekaliyan (besan).
Ingkang sepisan, salam taklim saking kulawarga besan sampun ketampi kanthi suka renanging penggalih.
Ingkang angka kalih, kula tampi pasrahipun temanten kakung inggih menika anak mas .......................... saestu katampi kanthi suka bagya ing manah. Mugi-mugi samangke putra kekalih anggenipun bebrayan saged ayom-ayem, tentrem salami-laminipun sara tansah pikantuk rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang Maha Asih.
Wasana cekap semanten ingkang saged kula aturaken, wonten atur saha tindak-tanduk ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun sih samudra pangaksami. Matur nuwun.

MC: Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten atur saking kulawarga temanten   putri. Selajengipun adicara pungkasan inggih menika ngaturaken puji syukur konjuk wonten ngarsanipun gusti dene adicara ing wekdal punika saged kalampahan kanthi wilujeng tinebihna nir ing sambekala.
Kula pribadi menawi kathah kalepatanipun atur saha solah bawa ingkang mboten mranani penggalih anggenipun kula ndherekaken adicara ing dinten menika. Kula nyuwun agenging pangapunten. Matur  nuwun.

~SESORAH~ 1.   Pengerten Sesorah Sesorah inggih menika ngandarake gagasan, penemu, informasi ana ing sangarepe wong akeh kanthi cara...