~SESORAH~
1. Pengerten
Sesorah
Sesorah inggih menika ngandarake
gagasan, penemu, informasi ana ing sangarepe wong akeh kanthi cara lisan.
2. Jenis-jenis
sesorah miturut gunane
a. Sabdatama
yaiku sesorah tunggal utawa sing ora kudu ana wangsulane.
Tuladha: Khutbah Kyai
b. Pambagyaharja
yaiku sesorah kanggo mahargya utawa mapag rawuhe para tamu. Tuladha: Sesorah
Ketua Panitia
c. Tangggap
Wasana yaiku sesorah sing kudu ana wangsulan utawa tanggapan. Tuladha: Sesorah
masrahake manten ing kulawarga temanten putri lan sewalike.
3. Ancase
sesorah
a. Atur
pambagya yaiku sesorah kangge nampi rawuhipun para tamu, wonten ing acara
menapa kemawon. Umpamipun: ing pahargyan (pesta), syukuran
b. Atur
kabar, pawarta utawi informasi yaiku informasi saged arupi palapuran utawi
nyariosaken satunggaling bab dhateng pamiarsa, pramila bab ingkang kawedharaken
kedah gamblang/ cetha. Umpamipun: Sesorah ing Rapat, Promosi barang.
c. Atur
panglipur/ hiburan supados mirengaken remen penggalihipun. Umpamipun: ing
layatan, atur saking pembela sungkawa.
d. Atur
pangajak yaiku ancasipun supados ingkang mirengaken pidhato, kapilut manahipun
saengga purun nindhaaken menapa ingkang dipunwedharaken tiyang ingkang sesorah.
Umpamipun: penyuluhan kesehatan
4. Tata
cara Sesorah
Sesorah bisa katindakake kanthi:
a. Cara
Naskah
Sesorah kanthi cara iki migunakake
teks utawa naskah kang diwaca kanthi langsung.
b. Cara
Apalan
Yaiku cara nyawisake naskah (teks)
banjur diapalake.
c. Cara
Impromtu
Yaiku sesorah ora nyawisake luwih
dhisik bahan nanging kanthi dadakan ora kanyana-nyana sadurunge.
d. Cara
Ekstemporan yaiku sesorah nanging nganggo catetan cilik kang isine balunganing
karangan.
Tuladha sesorah:
SESORAH
ING UPACARA PAHARGYAN TEMANTEN
A. Pranatacara
(MC) ing upacara pahargyan
Nuwun para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu
kinabektan. Para rawuh kakung miwah putri ingkang kinurmatan. Nyuwun
pangapunten kula sampun pumawani ngadeg wonten ngarsa panjenengan sedaya
ingkang saweg sakeca pangandikan.
Kepareng matur, kula minangka sesulihipun
bapak............... sekalian (ingkang hamengku gati) ngaturaken sugeng rawuh
saha panuwun ingkang tanpa upami dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun
nglonggaraken wekdal, rawuh paring donga pangestu dhumateng temanten kekalih.
Selajengipun Keparenga kula ngaturaken reroncening
adicara ing dinten menika:
1. Pembuka
2. Atur
pambagya saking kulawarga temanten putri
3. Atur
saking kulawarga temanten kakung
4. Atur
saking kulawarga temanten putri
5. Donga
6. Penutup
Minangka
pembukaning pahargyan wekdal punika. Sumangga kula dherekaken maos donga
sesarengan, Sumangga...
.......................Dedonga
wiwit........................cekap........................
Mekaten
waosan donga minangka pembuka, mugi-mugi gusti paring barokahipun dhumateng
kula lan panjenengan sedaya.
Para
rawuh ingkang minulya, adicara selajengipun inggih menika atur pambagya saking
kulawarga temanten putri. Dhumateng bapak
............................. minangka wakil saking bapak
......................... sekalian kula sumanggaaken.
...........................atur
pambagya saking kulawarga.............
B. Atur
pambagya saking kulawarga
Nuwun, panjenenganipun para sesepuh ingkang kinabektan.
Bapak-bapak, ibu-ibu rombongan saking kulawarga kadang besan ingkang kinurmatan
saha para rawuh kakung miwah putri ingkang minulya.
Mugi Gusti kang tansah paring karaharjan katentreman
saha kawilujengan dhumateng kula panjenengan sedaya.
Kepareng sumela atur nggempil kamerdikan panjenengan
sekalian, kula minangka sesulihipun Bapak ..........................
sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan sedaya.
Muji syukur konjuk dhumateng Gusti ingkang Maha Asih
dene sampun lumampah Bapak ibu,........................ anggenipun kagungan
kersa ndahupaken putra-putrinipun ingkang nama Bagus ........................
kaliyan rara .............. wonten ing
....................... kanthi wilujeng mboten kirang satunggal punapa.
Dhumateng para rawuh sedaya, mugi kersa paring donga
pangestu dhumateng temanten kekalih, saengga tansah pinayungan rahmat saha
barokahipun Gusti. Temanten tansah raharja, bagya mulya, lan antut runtut
dumugi kaken ninen. Mboten kesupen mugi-mugi enggal dipunparingi momongan ingkang
bekti dhumateng rama-ibunipun, agami, bangsa tuwin negari. Amin
Para rawuh ingkang minulya mboten kesupen bapak ibu
....................... sakulawarga ngaturaken agunging panuwun awit sumbangsih
saha pambiyantu panjenengan sedaya. Ingkang wujud punapa kemawon saengga Bapak
............ sekalian saged ngawontenaken pahargyan ing wekdal punika.
Mugi-mugi sedaya amal kasaenan panjenengan sedaya pikantuk piwales saking Gusti
Ingkang Maha Agung.
Ing wasana, Bapak ibu ................. sekalian
ngaturaken pangapunten, menawi anggenipun nampi rawuhipun panjenengan sedaya,
nyawisaken papan tuwin palenggahan lan caos pasugatan mboten ndadosaken
reraning nggalih.
Minangka penutupin atur, saking kula piyambak menawi
kathah cicir cewet atur saha kirang trapsila anggenipun matur, kula nyuwun
pangapunten. Matur nuwun.
MC: Matur nuwun dhumateng
bapak........................... ingkang sampun makili kulawarga ngaturaken
pambagya sugeng rawuh dhumateng para lenggah sedaya. Adicara selajengipun
inggih menika atur pasrah temanten kakung ingkang badhe dipunaturaken dhumateng
bapak............................ kula sumanggaaken.
................atur
kula saking kulawarga temanten kakung....................
C. Atur
saking kulawarga temanten kakung
Panjenenganipun para
sesepuh, ingkang kula bekteni Bapak/Ibu.................. sakulawarga (ingkang
hamengku gati) ingkang kula kurmati saha para rawuh ingkag minulya.
Sumangga sesarengan
kita tansah ngaturaken puji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung
saengga kita saged pepanggih kanthi wilujeng ing adicara dinten menika.
Kepareng sumela atur, kula minangka wakil saking
bapak.......................... sakulawarga sowan kula ing dinten menika ,
ingkang sepisan nyendikani dhawuhipun Bapak/Ibu .........................
ngaturaken salam taklimipun dhumateng Bapak .......................
sekalian saha kulawarga.
Ingkang kaping kalih
Bapak........................... sekaliyan (kulawarga temanten kakung )
ngaturaken agunging panuwun , dene Bapak ........................... sekaliyan
(kulawarga temanten putri) sampun kepareng ndhaupaken temanten kekalih nun inggih Bagus .......................
kaliyan rara .......................kanthi wilujeng mboten kirang satunggal
punapa.
Selajengipun sowan kula
mriki, badhe masrahaken temanten kakung wonten ngarsa panjenengan sedaya .
selajengipun sumangga anggenipun anggulawentah saha paring piwucal supados samangke
temanten kekalih dados kulawarga ingkang pikanthuk barokah saking Gusti Alloh,
lan saged nindaaken kuwajiban minangka kulawarga lan peranganing masyarakat.
Amin
Namung menika ingkang
saged kula aturaken, mugi-mugi kanthi dhaupipun putra kekalih saged nambahi
raketing kekadang antawisipun kulawarga kekalih.
Saking kula menawi
kathah atur saha tindak-tanduk ingkang mboten mranani penggalih kula nyuwun
pangapunten. Nuwun
MC : Para rawuh ingkang minulya, mekaten atur saking
kulawarga temanten kakung. Adicara selajengipun inggih menika atur saking
kulawarga temanten putri. Dhumateng bapak........................... sumangga.
..................................atur
saking kulawarga temanten putri..........................
D. Atur
saking kulawarga temanten putri
Nuwun, bapak ............................
sekalian ingkang kinurmatan saha para rawuh ingkang sutresna.
Saderengipun mangga
kita aturaken puji-puji syukur wonten ngarsaning Gusti ingkang sampun paring
rahmat barokahipun dhumateng kula panjenengan sedaya. Katitik ing wekdal menika
kita saged makempal wonten pahargyan menika kanthi wilujeng mboten kirang
satunggal punapa.
Nyuwun pangapunten, kula sampun
kumawantun matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, awit saking keparengipun bapak
............................. badhe nanggapi pangandikan bapak
............................... minangka wakilipun bapak
...................sekaliyan (besan).
Ingkang sepisan, salam
taklim saking kulawarga besan sampun ketampi kanthi suka renanging penggalih.
Ingkang angka kalih,
kula tampi pasrahipun temanten kakung inggih menika anak mas
.......................... saestu katampi kanthi suka bagya ing manah.
Mugi-mugi samangke putra kekalih anggenipun bebrayan saged ayom-ayem, tentrem
salami-laminipun sara tansah pikantuk rahmat saha barokahipun Gusti Ingkang
Maha Asih.
Wasana cekap semanten
ingkang saged kula aturaken, wonten atur saha tindak-tanduk ingkang kirang
mranani penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun sih samudra pangaksami. Matur
nuwun.
MC: Para rawuh ingkang kinurmatan,
mekaten atur saking kulawarga temanten putri.
Selajengipun adicara pungkasan inggih menika ngaturaken puji syukur konjuk
wonten ngarsanipun gusti dene adicara ing wekdal punika saged kalampahan kanthi
wilujeng tinebihna nir ing sambekala.
Kula pribadi menawi kathah kalepatanipun atur saha
solah bawa ingkang mboten mranani penggalih anggenipun kula ndherekaken adicara
ing dinten menika. Kula nyuwun agenging pangapunten. Matur nuwun.